8. Bahasa Jawa

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX: PIDHATO

PERANGANE NASKAH PIDHATO 
PEPILING: Sajrone tanggap wacana (pidato), ana sawenehe perangan kang kudu digatekake lan kudu ana ing naskah pidato,yaiku :

1.      Salam Pambuka yaiku: salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.

2.      Purwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh.

3.      Isi utawa Surasa Basa yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu.

4.      Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.

5.      Pangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake.

6.      Wasana Basa (penutup)yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.